Selasa, 20 November 2012


PIDATO BHS.JAWA


Assalamualaikum wr. wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak -  Ibu guru ingkang satuhu lahuring budi lan rencang – rencang kelas 9 ingkang kulo tresnani.Monggo kito sedoyo ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedoyo saget kempal wonten ing adicoro perpisahan sakmenika.

Kula, wakil saking rencang – rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng – agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco – konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsaMboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh woten ing pawiyatan mriki. 

Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang – rencang nyuwun agenging pangapunten saking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngagsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi –mugi Bapak /Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kalepatan kulo lan rencang – rencang.


Satuhunipun kulo lan sak konco awrat saget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan  rencang – rencang kedah ngelanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang – rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cakep anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wassalamualaikum wr. wb.  
                                                        

0 komentar:

Posting Komentar